Rabu, 05 Desember 2012

manusia

MENUNGSO!!!

Rogo———–sukmo———–nyowo————kang gawe urip————-asaling urip

Coro hindu /siwa budho

Sthula sarira—–sukma sarira——atma———purusha———–brahman

Dadi lek diurut teko mburi teko asaling urip ( iki ora duwe sifat opo wae mulo diarani tan keno kinoyo ngopo) iku malih kenggonan karep mulo sak banjure kagungan sifat: moho agung, suci, welasasih lan liyo liyane mulo soko sifate iku lah metu perb

awane cahya yo arane cahyaning urip teko cahyo iku mau mencar dewe 2 sifat cahyo kang luweh cilik disebut nyowo( jowo) /atma( hindu) karono nyowo iku mau asifat cahyo mulo sifat jatine yo podo karo asale mau ( cahyaning urip) mulo yo kadunungan sifat : waskitho, wening, semunar, eling, suci, lan langgeng , datan marentah lan datan pinarentah mandeg manggon opo anane datan owah datan gingsir

Nah nyowo iku mau sak banjure kagubel marang ujute karep mulo teko kene malih sifate seng mau padang waskitho maleh bisa peteng lan ngrasake loro popo soko jalan perbawane karep yo malihe sifat nyowo seng koyo mangkene iki mau disebut sukmo ……………dadi bedane

Nyowo = suci. Langgeng ,waskitho ,eling ora duwe karep ………dll

Sukmo = molah malih iso peteng iso padang , iso ngrasake lakon kabeh, biso ngrasake tresno sebel sak liyane

Terus sukmo kegubel dening rogo la ing rogo ikilah saranane nyowo /atma iku mau mbabar pakartine lakon …. nanging sakjerone lumebu marang rogo iku mau dibarengi marang ujute sukmo mula tambah abot maneh sanggane nyowo gen biso neglingi sejatine

Rogo asal teko limo prakoro : banyu ,bumi, geni,angin lan akoso .

Dibarengi maneh 4 prakoro : sir budhi cito roso

Di leboni maneh ujute mobah lawan mosik ( tanpo iki rogo sampurno ujute koyo opo yo ora ono paedahe pdo karo ragane wong turu najan to ditawane kembang melathi sak bakul yo mung meneng wae )

Terus pinaringan asmo ……… minongko sesebutane ………… nah iku mau jangkep bleger urip ujut manungso biso diarani si A si B lan liya-liyane…

Tidak ada komentar:

Posting Komentar